Thursday 13 November 2014

Contoh Artikel Bahasa Jawa Lenggeran

Kali ini saya akan membagikan contoh artikel bahasa jawa seputar kebudayaan jawa yaitu Lenggeran. Lenggeran adalah salah satu seni tradisional dari Banyumas. Oke, ini dia contoh artikel bhs jawa tentang lenggeran. Jika sobat mencari banyak artikel silakan baca Kumpulan artikel bahasa jawa

Contoh Artikel Bahasa Jawa

Lenggeran

contoh artikel bahasa jawa lengger

Lenggeran kuwe seni drama tradisional Banyumas sing dipadu karo seni tari uga dialog. Jenis kesenian rakyat kiye biasa digelar nang lapangan utawa pelataran umah sing duwe hajatan. Lenggere paling sethithik lengger wadon ditambah badhut (lanang) sing metu ing satengah tengahing wektu pagelaran.

Musik pengirine kuwe biasane nganggo calung banyumasan. Lan ing pungkasane pagelaran, biasane penonton ulih munggah panggung njiged bareng lenggere kambi aweh saweran maring lenggere mau.

Urut urutane Lenggeran

Babak Lenggeran

Babak lenggeran utawa babak perkenalan kiye diwiwiti 2 lengger sing munggah ming panggung utawa tengah lapangan, terus ditepungnya marang pennonton. Bar dikenalna, lengger kuwe njagong timpuh ngadhep marang para penayagan.

Samba diiringi lagu ricik-ricik kang ditembangake para pesindhen, lengger wiwit nglengger 'njoged' trep karo wiramane calung Banyumasan, bar kuwe lengger mlaku alon-alon (ora njoged) ngibengi papan sing kanggo nglengger kambi nembang sekar gadhung dikantheni swara kendhang lan gong, banjure kuwe lagu jedhandu (karo njoged) rampung banjur lenggere timpuh sinambi nembang selagu maning.

Babak Badhutan

Badhut dilakonake wong lanang, gunane kanggo nyegerake swasana. Badhut kudu pinter nglawak, pinter njoged lan uga nembang. Badhut biasane nganggo topeng badhut.

Nang babak badhutan kite, badhut karo lengger njoged bareng sinambi gineman. Gineman mau kudu ngandhut makna lelucon, kritikan sosial kemasyarakatan, sindhiran lan ironis ben lair swasana permasalahan utawi konflik kemasuarakatan.

Jejogedane badhut kudu lucu, lan tembange uga ora kudu pakem, bisa diphedot-phedot kanggo nyisipi kritikan

Babak Jaran Calung

Babak kiye diparagakake karo si badut sing diwiwiti bar lengger ganti busana tari baladewaan, banjur badhut mulai njoged nganggo jaran kepang. Badhut kudu njoged nganggo gaya khas jaran kepang sinambu diiringi calung fendhing kuda kepang lan nembang lagu rakyat lenggang kangkung.

Gaya teriane kudu dinamis sing tegese duwe makna nantang utawa berontak maring sutuasi kemelut nang masyarakat. Sinambi njoged gaya emosi utawa nepsu jengkel sing diseseli ekspresi mendem, si badhut kudu cokan keton lucu mligine gerak jejogedane kareben penonton seneng. Kuwe uga ditambagi karo tontonan mangan sesajen kang wis dicawisake. Adegan nang babak jarang calung kalebu babak inti permasalahan, tegese krisis nang tengah masyarakat kuwe wis ndadi. Penontong kagiring swasana sing tegang.

Babak Baladewan

Babak baladewan kiye intine yakuwe adhegan tarian baladewan sing duwe makna: nyuwun marang Gusti Allah lan ngucapna syukur sebab pagelaran lengger wis rampung, lancer lan tertib. Babak baladewan kiye dadi pratandha menawa pagelaran lengger meh bubar. Dadi maknane dadi tahap ngrampungi/pungkasane masalah/krisis sing ana ing masyarakat.

Disalin sekang LKS Basa Jawa Banyumasan Kelas XII semester 1

tuladha artikel basa jawa kebudayaan lengger, contoh artikel bahasa jawa tentang lengggeran

Komentar yang anda masukkan akan dimoderasi terlebih dahulu oleh admin. Komentar berbau promosi, akan dihapus.

EmoticonEmoticon