Artikel bahasa jawa sama dengan artikel pada umumnya, hanya perbedaanya ditulis mengggunakan bahasa jawa. Untuk sobat yang mencari contoh artikel bahasa jawa tentang kebudayaan jawa, akan saya bagikan contoh artikel basa jawa tentang kebudayaan Jawa. Baca juga : Kumpulan Artikel Bahasa Jawa.
Contoh Artikel Bahasa Jawa Tentang Kebudayaan Jawa
Begalan
Begalan kuwe pacakan seni tutur tradisi sing diramu seni tari, pigunane nggo srana nyumponi urut-urutan upacara Pengantenan.
 Di gelar sejrone acara tekane rombongan penganten lanang mlebu maring 
plataran (latar) penganten wadon. Uba rampene wujud alat-alat dapur sing
 diarani "Brenong Kepang". Kuwe jan-jane salah sijine gawan penganten 
lanang, go nyumponi syarat adat mBanyumas sing tegese (makna 
simbolis)gathuk karo falsafah Jawa khususe wewengkon mBanyumas. Contone:
 ilir, iyan, cething, kusan, kalo (saringan ampas), tampah (nyiru), 
sorokan, centhong, siwur, irus, kendhil karo wangkring lan wlira. 
Egin 
ditambah maning karo ubarampe sajen, yakuwe pala pendhem, pala gantung, 
pala kesimpar, kembang pitung rupa/werna, beras kuning, sewernane 
gegodhongan,gedhang raja lan gedhang emas, endhog ayam,lan liya-liyane 
egin akeh maning. Sandhangane wong sing kedhapuk upacara begalan kiye 
kudu nganggo klambi kampret srawa ireng, bebed lancingan bathik 
Banyumasan,ikete wulung jeblagan, lan sikile kudu nyeker ora kena 
nganggo trumpah.
Upacara Begalan kiye isine pitutur nggo penganten sakloron gole arep 
mbangun somah. Sejrone catur-gunem upacara, kuwe diwedharaken pitutur 
becik nggo penganten lan tamu sing pada teka ngrubung, kadhang-kadhang 
dibumboni glewehan-glewehan kepriwe carane wong urip omah-omah 
lanang-wadon. Pagelaran seni kiye diiring gendhing Jawa Banyumasan 
[Ricik-ricik, crebonan, gunung sari, gudril lan eling-eling ].
Maksud lan prelambang dibegal: "sing dibegal, kuwe dudu dunyane, tapi Bajang Sawane kaki penganten lan nini penganten".
Upacara kiye di wakilaken tukang njoged sing wis biasa (dhukun 
begalan), gunggunge ana wong loro; sing siji dadi wakile penganten wadon
 gawane "Wlira" ruyung jambe (sigaran wit jambe), dene wakil 
penganten/besan lanang nggawa "Brenong Kepang" kuwe isen-isene prabot 
dapur.
Biasane bar gelaran, "Brenong kepang" (alat dapur) sing digawa kuwe dibalangaken kanggo rebutan/rayahan penonton.
sumber artikel neng kene 
contoh artikel bahasa jawa tentang kebudayaan jawa, tuladha artikel basa jawa babagan kebudayaan jawa, contoh artikel bhs jawa seputar kebudayaan jawa tengah banyumasan. kabudayaan 

Komentar yang anda masukkan akan dimoderasi terlebih dahulu oleh admin. Komentar berbau promosi, akan dihapus.
EmoticonEmoticon