Tuesday 25 November 2014

Contoh Artikel Bahasa Jawa tentang Cowongan

Kali ini saya akan membagikan lagi contoh artikel bahasa jawa. Artikel bhs jawa yang akan saya bagikan berjudul Cowonga. Cowongan adalah salah satu budaya banyumas. Jika sobat ingin mencari artikel bahasa jawa yang lain silakan baca Kumpulan Artikel Bahasa Jawa
 

Contoh Artikel Bahasa Jawa

Cowongan

contoh artikel bahasa jawa cowongan

Mangsa ketiga nang endi bae gawe rekasa. Sing paling ngrasakna sedulur tani. Sawah, kebon, pekarangan garing padha nela. Nandur apa bae ora kambon banyu akeh ora kasile. Arep liwet bae kudu mlaku adoh ngangsu sumur sing ana banyune. Sing ana neng pinggir kali Serayu esih begja bisa ngedhuk wedhi gawe belik karo tangan esih bisa metu banyune. Ning ya rekasa goli munggah mudhun ngangsu. Mangsa terang dawa akeh sing sambat.

Sapa maning sing bisa nekakna udan angger udu Sing Kewasa? Mulane padha ngrekadaya nyuwun maring Gusti Allah supaya nyembadani ngirim udan maring bumi. Salah sijine upacara nyuwun udan sing ana neng tlatah Banyumas dearani cowongan. Nganakna cowongan biasane merga mangsa ketigane liwat sekang patang wulan lawase. Utawane lemah wis padha garing malah nganti mbledhag, sumur sat, tanduran padha garing, mati. Upacara cowongan nyuwun marang Gusti Allah supayane nekakna sukmane Dewi Nawangwulan mbantu nekakna udan nggo nelesi bumi sing garing.

Dewi Nawangwulan kuwe sapa?

Critane, Dewi Nawangwulan kuwe widadari sekang kahyangan. Wektu mudhun maring bumi karo batir-batire adus nang tlaga. Klambine deumpetna neng Jaka Tarub. Mesthi bae ora bisa bali maring kahyangan. Banjur neng Jaka Tarub si widadari dejek bali. Nawangwulan banjur dedadekena bojo urip kaya menungsa lumrahe.

Bareng duwe anak dejenengi Nawangsih, klambi sing deumpetna Jaka Tarub ketemu. Nawangwulan banjur mabur maring kahyangan anake detinggal neng ngisor wit gedhang raja. Mulane Nawangsih nggo nyambung batine Nawangwulan njaluk udan sing deanakena neng ngisor wit gedhang raja. Kaya kuwe critane upacara mau niru Jaka Tarub.

Cowongan ora kena sembarangan. Ddhukun cowongan karo wong sing arep melu upacara kudu padha tirakat suwene pitung dina pitung wengi. Ancase nggo ngresiki jiwa lan raga. Sawise tirakat dhukun lan sing detugasi upacara siap ngundang tekane Nawangwulan sing ketelah dearani Nini Cowong. Nini Cowong wujude golek, endhase sekang cumplung awake sekang pring njuran deklambeni kaya putri sing ayu rupane.

Lakune upacara Cowongan panggonane neng ngisor wit gedhang raja. Si dhukun maca mantra ngundang tekane Dewi Nawangwulan. Jere kon mbantu nyuwun maring Gusti Allah nekakna udan sebab bumine wis garing, uripe menungsa rekasa merga sumure sat, tanduran padha mati. Mbarengi dhukun maca mantra, Nini Cowong deobahna kaya lagi nyuwun udan maring Gusti Allah. Ning kasembadan orane gemantung Kersane Gusti Allah.

Nah, siki udan wis temurun. Godhong-godhong wis keton ijo. Bumi sing nela rapet maning. Sumur sat metu banyune. Mulane mayuh padha sing gedhe rasa sukure. Kabeh obahing jagat kiye neng Kewasane Gusti Allah. Demareni goli sambet angger selagi rumangsa rekasa lan butuh maring pitulungane Gusti Allah. Kabeh mahluk wajib bekti maring sing gawe urip sedawane esih ambekan, esih bisa nyawang srengenge madhangi bumi. Mayuh bali maring kersane Gusti Allah. Sing ora kalah penting, anane berkah udan kiye njuran aja dadi mala. Aja mbuwang runtah janji ber men dalan banyu ora mampet.

Drs. Siswandi Dwi Hadi
Kepala SDN 4 Wangon, Redaktur Tamu ANCAS 
Disalin saking majalah ancas

Komentar yang anda masukkan akan dimoderasi terlebih dahulu oleh admin. Komentar berbau promosi, akan dihapus.

EmoticonEmoticon