Thursday 20 November 2014

Contoh Artikel Bahasa Jawa Tentang Kethoprak

Kali ini saya akan membagikan contoh artikel bahasa jawa tentang Kethoprak. Silakan disimak. Silakan baca Kumpulan Artikel Bahasa Jawa jika sobat mencari banyak artikel berbahasa jawa.

Contoh Artikel Bahasa Jawa Tentang Kebudayaan

Kethoprak


Kethoprak wiwit bebukane awujud dedolanan para priya ing ndhususn sing lagi nganakake lelipur sinambi nabuh lesung kanthi irama ana ing waktu wulan purnama ndadari, kasubet gejog. Ana ing tembe keiring temang bebarengan ing kampong/shusun kanggo lelipur. Sateruse ana  tambahan kendhang, terbang lan suling. Mula wiwit saka ku kasebut kethoprak lesung. Kira kira kedadeyan ing tahun. Banjur ana ing tahun 1909 wiwitan dianakake pagelaran kethoprak kanthi paripurna/lengkap.

Pagelaran kethoprak wiwitan sing resmi ing ngarepe masuarakat/umum, yaitu kethoprak wreksotomo, dipandhegani dening Ki Wisangkoro, sing mandhegani kabeh kakung. Carita sing dipagelarake yaiku: warsa-warsi, Kendana Gendini, Darma Darmi, lsp.

Sawise ikku pagelaran kethoprak sansaya suwe dai apik uga dadi klangenane masyarakat, utamane ing tlata Yogyakarta.

JINIS

Anane gegayutan karo teater para nara  praja, mula pagelaran kethoprak, bisa dibedakake mangkene :

  1. Kothekan lesung
  2. Kethoprak lesung wiwitan
  3. Kethoprak lesung
  4. Kethoprak gamelan
  5. Kethoprak gamelan pendhopo
  6. Kethoprak panggung

ISI CARITA

Rupa werna carita pagelaran kethoprak umpama carita rakyat, dongeng babad, ledenfa, sejarah lan adaptasi saka negari manca bisa uga migunakake swasana Indonesia, tuladhane kaya Shakespeare: Pangeran Hamlet utawa Sampek Eng Tay. Carita-carita baku: Darma-Darmi, Warsa-warsi, Kendhana-gendhini, Abdul sumararupi, Panju Asmara Bangun, Klana Sewandana, Andhe andhe lumut, Angling darma, Rara mendut, Damar Wulan, Ranggalawe, Jaka Bodo.

Crita klangenan masyarakat bisa awujud carita pahlawan, peperangan, carita nglempengake kabecikan adate ing pungkasan carita sing rumindake becik, jujur bakal entuk kemenangan. Ageman para nayaga pemain, dipadakake karo carita kang dipagelarake. Biasane nganggo ageman para narapraja jawa wektu jaman kerajaan mbiyen. Umpama Pangeran Wiroguna agemane ngaggo priyayi Jawa Pangeran saka tlatah Jawa Tengah (Yogyakarta), semono uga prajurit. Nanging uga ana ageman kang awujud simbolis, umpamane piyantun wicaksana aweni ageman cemeng, piyantun suci aweni ageman pethak, ingkang kendel  agamene abang. Carita Baghdad agemane "Mesiran" nganggo afeman sutra. Ageman wayang wong uga ana gegayutane karo kethoprak, utamane Kethoprak pesisiran tlatah Jawa pesisir lor. Umpamane carita Angling Darma, Menak Jingga/Damarwulan.

Uga ana ageman kasebut basahan, yakuwi ageman kejawen ananging cinampur ing liyan bisa rupa ageman batik, lan beskap uga surban (biasane nganggo jubah). Ageman basahan iki adate ana ing carita menak utawa carita para wali/para ulama islam ing sajerone praja.

Sing dadi ciri wancine kethoprak :

  1. Kanthi para nayaka/pemain
  2. Kiering tetabuhan (gamelan)
  3. Ageman tembang  kand dadi tetenger kethoprak
  4. Rembugan uga biasa nganggo tembang, tembang bisa mujudake dadi pengiring adegan, dialog, monolog, utawa dadi narasi
  5. Unining gamelan kanggo ngiringi tembang,, adegan, ilustrasi swasana carita, swasana dramatic, kang mbedakake adgean siji lan sijine

PERANGKAT PENGIRING

Kendhang, saron, kethuk, kenong lan gong kemada. Gamelan jangkep adate nganggo suling utawa terbang. Kanthi tambahan keprak.

Para nayaga kethoprak biasane pinter anggone acting, uga pinter nembang lan njoged beksan . Para pradangga gamelan, bebearengan karo sindhen waranggana  ngeriringi irama gamelan kethoprak.

Senadyan sing dianggo basa Jawa, nanging kudu nganggo unggah ungguh basa, bisa nganggo basa ngoko, basa krama, lan krama inggil.

Seaiki ana ingg wolak waliking jaman, kethoprak uga duwe improvisasi kanthi wujud dafelan lan kethoprak humor ana ing siaran radio lan televisi. Carita bakune pada nanging dipagelarake kanthi dhagelan. Mligi ngemukake lan nyenengake pemirsane


Disalin sekang : LKS Basa Jawa Banyumasan kelas XII

3 komentar

Nganggo basa jawa ngoko iso?

Njaluk tulong, ringkasane nganggo basa jawa ngoko iso?

Komentar yang anda masukkan akan dimoderasi terlebih dahulu oleh admin. Komentar berbau promosi, akan dihapus.

EmoticonEmoticon